Saturday, May 26, 2012

Kartika :)

Cahyamu endah kayadya sasangka
kerlipmu saya nambahi katresnan
gumantung dhuwur kaya anggonku nggantung impen
adoh kaya kangenku marang sliramu


yen sliramu njedhul
ayeme ati iki
tinansah dadi kancaning rembulan
sumebar elok ning awang-awang

yen sliramu katutup mendhung
sedhihe ati tanpa wulan kang uga dak tresnani
 namung ngerteni kartika wingi


wengi, dalu.sore, ratri
aku ngenteni sliramu
ing witing tresnaku marang lintang-lintang
uga mesthi marang Gusti Allah